Tombo Ati

Tombo Ati iku limo sak wernane
Moco Al-Qur'an angen-angen sak maknane
Kaping pindo sholat wengi lakonono
Kaping telu wong kang soleh kumpulono
Kaping papat wetengiro ingkang luwe
Kaping limo zikir wengi ingkang suwe
Salah sawijine sopo biso ngelakoni
Insya allah Gusti Allah nyembadani